Sepi
Koyo suryo kang kasaput mendung
Koyo rembulan katutup grahana
Wis ilang indahing kembang ing taman asri
Ora kaprungu suarane manuk nyanyi
Jangkrik-jangkrik podo wedi muni
Kodok-kodok podo ndelik ing kali
Peteng ndendet lelimengan
Tan ono lintang kang madangi
Sepi
Tekan kapan bakal nutupi ati
Tekan kapan bakal ngilangi ngimpi
Mung dadi lamunan kang nggegirisi
Ora gelem madangi ati kang lagi sepi
Sepi..oh…sepi…
Solo ing wayah wengi
Dening Tunas Putra